1 Chronicles 1:46 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse Sang Prabu Husyam seda, Sang Hadad bin Bedad jumeneng ratu nggentosi panjenengane; iya panjenengane iku kang ngawonake wong Midian ana ing dhaerah Moab, lan kuthane jenenge Awit.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé Husam ninggal ndonya, Hadad, anaké Bedad dadi ratu nggentèni piyambaké; ya dèkné kuwi sing ngalahké wong Midian ing bawah Moab, lan kutané jenengé Awit.