1 Chronicles 10:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Saul nuli ngandika marang kang ngampil dedamele: “Pedhangmu unusen, aku suduken, supaya wong-wong kang ikutan kae ora mrene lan nganggo dolanan aku.” Nanging kang ngampil dedamel mopo, awit ora tegel, Sang Prabu Saul banjur mundhut pedhange, nuli dirungkebi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul terus ngomong marang sing nggawa gamané: “Pedangmu jupuken, aku suduken, supaya wong-wong sing ora sunat kaé ora mréné lan nganggo dolanan aku.” Nanging sing nggawa gaman nulak, awit ora tegel, Saul terus njupuk pedangé, terus dikurepi.