1 Chronicles 11:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iki para panggedhe para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud, kang padha nyaosi pambiyantu akeh marang panjenengane, bebarengan karo wong Israel kabeh, ing bab anggone nggayuh kalenggahan ratu, kaya kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Iki para penggedéné suradadu sing ngetutké Daved, sing pada ngekèki bantuan okèh marang piyambaké, bebarengan karo wong Israèl kabèh, ing bab enggoné nggayuh dadi ratu, kaya sing diomongké karo GUSTI kanggo Israèl.