1 Chronicles 11:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Abisai, rayine Sang Yoab, iku kang dadi tetindhihing wong telung puluh iku. Lan iya panjenengane iku kang kalawan ngolahake tumbake bisa mateni mungsuh telung atus; mulane banjur dadi kondhang ana ing antarane wong telung puluh mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Abisai, adiké Yoab, kuwi sing dadi penggedéné wong telung puluh kuwi. Lan ya piyambaké kuwi sing karo tumbaké bisa matèni mungsuh 300 wong; mulané terus dadi kesuwur ing antarané wong telung puluh mau.