1 Chronicles 12:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saka panunggalane Manasye uga ana kang padha mbalik mbiyantu Sang Prabu Dawud, nalika panjenengane bebarengan karo wong Filisti merangi Sang Prabu Saul. Lugune panjenengane iku ora sida mitulungi wong Filisti, sabab para ratu ing kutha-kuthane wong Filisti iku sawuse mutus, banjur ngesahake panjenengane, awit rembage mangkene: “Saged ugi mangke mbalik dhateng Saul, gustinipun, kalayan ngulungaken sirah kita.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sangka tunggalé Manasé uga ana sing pada mbalik ngréwangi Daved, waktu piyambaké bebarengan karo wong Filistèn merangi Saul. Sakjané piyambaké kuwi ora sida mitulungi wong Filistèn, awit para ratu ing kuta-kutané wong Filistèn kuwi sakwisé mutusi, terus ngongkon lunga piyambaké, awit rembuké mengkéné: “Bisa uga mengko mbalik marang Saul, bendarané, karo ngekèkké sirah kita.”