1 Chronicles 12:40 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Uga para wong kang manggon ing sacedhake, malah saka bani Isakhar, Zebulon lan Naftali, padha seba nyaosake bahan pangan kalawan kaemotake ing kuldi, unta, bihal lan sapi, yaiku olah-olahan glepung, kuwih woh anjir lan kuwih kismis, anggur lan lenga, sapi lan wedhus, nganti akeh banget, awit ing Israel ana kabungahan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga para wong sing manggon ing sak tyedaké, malah sangka turunané Isakar, Sébulon lan Naftali, pada masrahaké pangan karo ditumpakké kimar, unta, jaran lan sapi, ya kuwi olah-olahan glepung, kuku woh anjir lan kuku kismis, anggur lan lenga, sapi lan wedus, nganti okèh banget, awit ing Israèl ana kabungahan.