1 Chronicles 13:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Sang Prabu Dawud marang pasamuwan Israel kabeh mangkene: “Manawa sira padha nganggep prayoga lan manawa di parengake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, ayo padha nyebar kongkonan marang para sadulur kita kang isih padha manggon ing sawewengkone Israel kabeh, lan kejaba iku marang para imam lan para wong Lewi kang ana ing kutha-kutha, kang kaubengan ing tanah pangonane, supaya wong-wong iku padha nglumpuk mrene.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Daved marang pasamuan Israèl kabèh mengkéné: “Yèn kowé pada nganggep apik lan yèn dililani karo GUSTI, Gusti Allah kita, hayuk pada nyebar kongkonan marang para sedulur kita sing ijik pada manggon ing sak tanah pangwasané Israèl kabèh, lan kejaba kuwi marang para imam lan para wong Lèwi ing kuta-kuta, sing diubengi karo tanah pangonané, supaya wong-wong kuwi pada nglumpuk mréné.