1 Chronicles 14:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Punapa kawula kapareng tumandang nglawan tiyang Filisti punika saha punapa Paduka badhe masrahaken tiyang-tiyang punika dhateng ing tangan kawula?” Paring wangsulane Sang Yehuwah: “Mangkata, Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tanganira.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved ngomong marang Gusti Allah: “Apa kula olèh tandang nglawan wong Filistèn kuwi lan apa Panjenengan bakal masrahaké wong-wong kuwi marang tangan kula?” Semauré GUSTI: “Lungaa, Aku bakal ngekèkké wong-wong kuwi ing tanganmu.”