1 Chronicles 17:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Punapa dene bangsa ing pundi ing bumi ingkang kados umat Paduka Israel, ingkang Gusti Allahipun tumandang ngluwari umat wau lajeng kadadosaken umatipun, supados asma Paduka dados misuwur margi saking pakaryan-pakaryan Paduka ingkang agung saha nggegirisi, saha margi saking anggen Paduka ngesahaken para bangsa saking ing sangajenging umat Paduka, ingkang sampun Paduka luwari saking ing tanah Mesir?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Apa ana bangsa ing ngendi ing bumi sing kaya umat Panjenengan Israèl, sing Gusti Allahé tandang ngluwari umat mau terus didadèkké umaté Gusti, supaya Asma Panjenengan dadi kesuwur awit sangka penggawéan-penggawéan Panjenengan sing gedé lan medèni, lan awit sangka enggèn Panjenengan nglungakké para bangsa sangka ngarepé umat Panjenengan, sing wis Panjenengan tulungi sangka negara Egipte?