1 Chronicles 17:24 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawi makaten asma Paduka badhe dados santosa lan agung ing salami-laminipun, satemah tiyang lajeng badhe ngucap: Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahe Israel iku jumeneng Gusti Allah kanggo wong Israel; brayatipun abdi Paduka lajeng badhe lestantun santosa wonten ing ngarsa Paduka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Supaya asma Panjenengan bakal dadi kuwat lan gedé ing sak lawasé, terus wong bakal ngomong: GUSTI, Gustiné sing ngwasani langit, Gusti Allahé Israèl kuwi, Gusti Allahé kanggo wong Israèl; brayaté abdi-Mu terus bakal tetep urip kuwat ing ngarepé Panjenengan.