1 Chronicles 19:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng bab iku kauningakake marang Sang Prabu Dawud, wong Israel kabeh nuli padha dikumpulake, banjur mangkat menyang ing sabranging bengawan Yarden lan bareng wus tekan ing panggonaning mungsuh, tumuli nata pabarisane sumedya nglawan mungsuh mau. Bareng Sang Prabu Dawud nata pabarisane adhep-adhepan karo wong Aram, wong Aram nuli padha nempuh panjenengane,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng bab kuwi dingertèni karo Daved, wong Israèl kabèh terus pada diklumpukké, terus budal menyang ing sabrangé laut Yordan lan bareng wis tekan ing panggonané mungsuh, terus nata suradaduné nglawan mungsuh mau. Bareng Daved nata suradaduné adep-adepan karo wong Aram, wong Aram terus pada nyerang piyambaké,