1 Chronicles 19:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Dawud nuli ngandika: “Ingsun bakal ngatingalake anggoningsun memitran kalawan Sang Prabu Hanun bin Nahas, amarga kang ramane memitran kalawan ingsun.” Mulane Sang Prabu Dawud tumuli ngintunake utusan kadhawuhan ngaturake belasungkawa marang panjenengane, marga saka sedane kang ramane. Nanging bareng para abdine Sang Prabu Dawud tekan ing ngarsane bani Amon lan sowan ing ngarsane Sang Prabu Hanun prelu ngaturake bela-sungkawa marang panjenengane,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved terus ngomong: “Aku bakal ngétokké enggonku kekantyan karo Hanun anaké Nahas, awit bapaké kekantyan karo aku.” Mulané Daved terus ngirimké kongkonan dikongkon masrahaké bélasungkawa marang piyambaké, awit sangka matiné bapaké. Nanging bareng para abdiné Daved tekan ing negara Amon lan nemoni Hanun ngomongké bélasungkawa marang piyambaké,