1 Chronicles 19:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
para panggedhene bani Amon padha munjuk marang Sang Prabu Hanun: “Punapa miturut panggalih dalem Sang Prabu Dawud badhe nyaosi pakurmatan dhateng rama dalem, anggenipun ngintunaken para utusan sowan ing ngarsane dalem prelu ngaturaken bela-sungkawa punika? Punapa boten kanthi sedya badhe niti-priksa, nelik saha lajeng badhe nyirnakaken nagari punika, anggenipun para punggawanipun sami sowan ing ngarsa dalem punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
para penggedéné turunané Amon pada ngomong marang Hanun: “Apa miturut panemumu Daved bakal ngekèki panghurmatan marang bapakmu, anggèné ngirimké para kongkonan nemoni sampéyan perlu ngomongké bélasungkawa kuwi? Apa ora karo karep bakal mriksa, ngindik lan terus bakal ngentèkké negara iki, anggèné para pegawéné pada nemoni ing ngarepé sampéyan iki?”