1 Chronicles 19:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika iku padha mulih, ana kang munjuk marang Sang Prabu Dawud bab para utusan mau, Sang Prabu nuli utusan abdi nemoni, sabab wong-wong mau banget anggone padha digawe wirang. Pangandikane Sang Nata: “Sira padha manggona ing Yerikho nganti jenggotira thukul, banjur padha balia.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu pada mulih, ana sing ngomong marang Daved bab para kongkonan mau, ratu terus kongkonan abdi nemoni, awit wong-wong mau banget enggoné pada digawé kisinan. Tembungé ratu: “Kowé pada manggona ing Yériko nganti jénggotmu tukul, terus pada balia.”