1 Chronicles 2:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Hawot-Yair banjur karebut dening Gesur lan Aram, samano uga Kenat lan desa-desa kang klebu ing wewengkone kono, gunggung padesan sawidak. Iku kabeh para turune Rama Makhir, ramane Gilead.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Hawot-Yair terus direbut karo Gesur lan Aram, semono uga Kenat lan désa-désané sing klebu ing pangwasané, ana désa suwidak. Kuwi kabèh para turunané Makir, bapaké Giléad.