1 Chronicles 20:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kang manggon ing kutha iku padha diboyongi lan dietrapi pagawean peksan kalawan migunakake graji, bur wesi lan wadung. Kang mangkono iku uga katandukake marang sakehe kuthane bani Amon. Sawuse iku Sang Prabu Dawud tumuli kondur kadherekake ing sawadya-balane kabeh menyang ing Yerusalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sing manggon ing kuta kuwi pada diboyong lan dikèki penggawéan peksa karo nggunakké graji, bur wesi lan kampak. Sing mengkono kuwi uga ditindakké marang sakkèhé kutané turunané Amon. Sakwisé kuwi Daved terus mulih ditutké karo suradadu-suradaduné kabèh menyang ing Yérusalèm.