1 Chronicles 21:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Dawud tumuli ngandika marang Gad: “Manah kawula sisah sanget, keparenga kula dhumawah ing astaning Yehuwah, awit ageng sanget sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhumawah ing tanganing manungsa.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved terus ngomong marang Gad: “Atiku susah banget, mbok dililani kula tiba ing tangané GUSTI, awit gedé banget kawelasané; nanging aja nganti kula tiba ing tangané manungsa.”