1 Chronicles 21:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Rak kawula punika ingkang aken ngetang rakyat, saha kawula piyambak ingkang dosa tuwin ingkang nindakaken piawon, nanging menda-menda punika sami nglampahi punapa? Dhuh Pangeran Yehuwah, Gusti kawula, asta Paduka mugi ndhawahana kawula saha kulawangsa kawula, nanging sampun ngantos tumempuh dhateng umat Paduka.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved ngomong marang Gusti Allah: “Apa ora kula iki sing ngongkon ngitung rayat, lan kula piyambak sing dosa lan sing nindakké ala, nanging wedus-wedusé kuwi pada nandangi apa? Duh GUSTI, Gusti Allah kula, tangan Panjenengan muga ditibakké kula lan kulawargané kula, nanging aja nganti ditibakké marang umat Panjenengan.”