1 Chronicles 21:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Unjuke Sang Yoab: “Mugi-mugi Pangeran Yehuwah mewahana kaping satusipun ingkang wonten punika. Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, punapa sadaya punika sanes abdi paduka? Punapa sababipun dene Gusti kawula kok kagungan karsa makaten? Punapa sebabipun dene tiyang Israel kedah nanggel kalepatan margi saking prakawis punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré Yoab: “Supaya GUSTI nambahi kaping 100 karo sing ana kuwi. Duh bendara kula ratu, apa kabèh kuwi duduk abdi sampéyan? Apa sebabé nganti bendara kula kok nduwé karep mengkéné? Apa jalaran nganti wong Israèl kudu nanggung kesalahan awit sangka perkara iki?”