1 Chronicles 24:4 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nuli kasumurupan, manawa ing antarane turune Imam Eleazar sesirahe golongan luwih akeh tinimbang ing antarane turune Imam Itamar, mulane pamerange mangkene: kanggo bani Eleazar lelurahing kulawangsane ana nembelas, nanging kanggo bani Itamar wolu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus pada weruh yèn, ing antarané turunané imam Eléazar penggedéné golongan luwih okèh tenimbangané ing antarané turunané imam Itamar, mulané dipisah mengkéné: kanggo turunané Eléazar pemimpiné brayaté ana nembelas, nanging kanggo turunané Itamar wolu.