1 Chronicles 24:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene Semaya bin Netaneel, panitrane, sawijining wong Lewi, iku nulisi jeneng-jenenge ana ing ngarsane Sang Prabu, para panggedhe Imam Zadhok, Imam Akhimelekh bin Abyatar lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsane imam-imam lan wong Lewi. Saben-saben saka trah Eleazar kajupuk kulawangsa siji, mangkono uga saka trah Itamar iya kulawangsa siji.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Semaya anaké Nétanéèl, juru tulisé, sakwijiné wong Lèwi, kuwi nulisi jeneng-jenengé ing ngarepé ratu, para penggedéné imam Sadok, imam Akimèlèk, anaké Abyatar lan ing ngarepé para pemimpiné brayaté imam-imam lan wong Lèwi. Saben-saben sangka turunané Eléazar dijukuk kulawargané siji, mengkono uga sangka turunané Itamar ya kulawargané siji.