1 Chronicles 26:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Undhian kanggo lawang wetan tumiba marang Selemya; sabanjure padha nguncalake undhi kanggo Zakharia, anake sawijining juru pirembug kang wasis, tumibaning undhian kanggo lawang lor.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lotréan kanggo lawang wétan tiba marang Selemya; sak terusé pada nguntyalké lotré kanggo Sakaria, anaké sakwijiné juru rembuk sing pinter, tibané lotréan kanggo lawang lor.