1 Chronicles 26:31 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saka bani Hebron yaiku Yeria, iku kang dadi tetindhihe. Mungguh wong Hebron iki, turune lan kulawangsane, ing taun kang kaping patang puluhe jamane paprentahane Sang Prabu Dawud, katiti-priksa lan panunggalane tinemu ana gegedhug-gegedhuge kang gagah prakosa, yaiku ing Yaezer-Gilead.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sangka turunané Hébron ya kuwi Yeria, kuwi sing dadi komendané. Kanggo wong Hébron iki, turunané lan brayaté, ing taun sing kaping patang puluhé jamané pepréntahané Daved, dipriksa lan tunggalé ketemu ana sing gagah rosa-rosa, ya kuwi ing Yaezer-Giléad.