1 Chronicles 26:32 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sanak sadulure Yeria, para wong kang gagah prakosa lan kang padha dadi lelurahing kulawangsa, ana rong ewu pitung atus. Iku padha diangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening bani Ruben, bani Gad lan saparone suku Manasye, ing bab sakehing prakara kang tumuju marang Gusti Allah lan kang tumuju marang Sang Nata.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sanak seduluré Yeria, para wong sing gagah rosa-rosa lan sing pada dadi pemimpiné kulawargané, ana 2700 wong. Kuwi pada diangkat karo Daved dadi penggedéné turunané Rubèn, turunané Gad lan separoné taleré Manasé, ing bab kabèh perkara sing gegandèngan marang Gusti Allah lan sing gegandèngan marang ratu.