1 Chronicles 28:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kacarita Sang Prabu dawud nglempakake sakehing panggedhe Israel, yaiku para tetindhihing suku, para panggedhening golongan kang ngladeni Sang Prabu, para panggedhening wadya-bala sewu lan panggedhening wadya-bala satus, sarta para kang padha nglurahi raja-brana lan raja-kayane Sang Prabu lan para putrane; karodene para punggawa kraton lan para prawira tuwin sakehe gegedhug kang gagah parkosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved nglumpukké kabèh penggedéné Israèl, ya kuwi para penggedéné taleré, para penggedéné golongan sing ngladèni, para penggedéné suradadu 1000 lan penggedéné suradadu 100, lan sing pada mimpin ngurusi banda lan kéwan-kéwané lan para anaké; uga para pegawéné kraton lan para suradadu lan sakkèhé penggedé sing gagah lan rosa-rosa.