1 Chronicles 28:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
uga emas kang wus kasengker kanggo gawe misbyah pangobongan dupa, bobote sepira kang dibutuhake, sarta emas kanggo gawe kreta-kretanan kanggo numpangake kerub loro-lorone, kang ngegarake swiwine kanggo ngayomi pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
uga emas sing wis didèwèkké kanggo nggawé mesbèh kanggo ngobong dupa, boboté sak pira dibutuhaké, lan emas kanggo nggawé kréta-krétaan kanggo numpangké kerup loro-loroné, sing megarké swiwiné kanggo ngayomi peti perjanjiané GUSTI.