1 Chronicles 28:4 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene Pangeran Yehuwah, Gustu Allahe Israel, wus kepareng milih ingsun saka ing antarane sakehe kulawangsaningsun kadadekake ratu ing Israel kanggo ing salawas-lawase; amarga Panjenengane wus milih Yehuda dadi pemimpin, lan kulawangsaningsun saka ing antarane bani Yehuda, sarta saka ing antarane para putrane ramaningsun, Panjenengane kepareng njumenengake ingsun dadi ratu ing saindenging Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging GUSTI, Gusti Allahé Israèl, wis milih aku sangka antarané sakkèhé kulawargaku didadèkké ratu ing Israèl kanggo sak lawas-lawasé; awit Panjenengané wis milih Yéhuda dadi pemimpin, lan kulawargaku sangka antarané turunané Yéhuda, lan sangka antarané para anaké bapakku, Panjenengané ngangkat aku dadi ratu ing sak kabèhé Israèl.