1 Chronicles 29:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Duh GUSTI, Panjenengan sing nduwé kaluhuran lan kekuwatan, kamulyan, kemenangan lan kahurmatan, malah samubarang ing swarga lan ing bumi! Duh GUSTI, Panjenengan sing nduwé kraton lan Panjenengan sing dadi Pangwasa sing luhur déwé ngliwati ing samubarang kabèh.