1 Chronicles 29:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kula ngerti, duh Gusti Allah kula, yèn Panjenengan kuwi njajal atiku lan seneng marang atiku sing éklas, mulané kula ya ngunggahké kuwi kabèh karo kebungahan lan karo sak legané atiku; nanging saiki, umat Panjenengan ing kéné kula ndelok pada masrahaké pisungsung kebungahan karo senengé ati.