1 Chronicles 29:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Salajengipun Paduka karsaa maringi manah ingkang tulus dhumateng Suleman, anak kawula, supados saged tansah gondhelan dhumateng ing sakathahing dhawuh Paduka tuwin pepenget Paduka sarta pranatan Paduka, punapa dene saged nglampahi punika sadaya saha saged yasa padaleman, ingkang sampun kawula cawisi samudayanipun punika.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak terusé Panjenengan supaya ngekèki ati sing tulus marang Salomo, anak kula, supaya bisa tansah gondèlan marang sak kabèhé préntah Panjenengan lan pepélingé Panjenengan lan pernatan Panjenengan, luwih-luwih supaya bisa nandangi kuwi kabèh lan bisa nggawé omah, sing wis kula tyawiské kabèh kuwi.”