1 Chronicles 4:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rama Yabes iku nyebat marang Gusti Allahe Israel, unjuke: “Paduka mugi karsaa paring berkah dhumateng kawula ingkang ngantos luber saha mugi karsaa njembaraken dhaerah kawula, punapa dene mugi asta Paduka nganti kawula saha karsaa nebihaken kawula saking kasangsaran, satemah kawula lajeng boten katempuh ing sesakit!” Anadene Gusti Allah karsa ngabulake panyuwune iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yabes kuwi nyebut marang Gusti Allahé Israèl, tembungé: “Panjenengan muga gelem ngekèki berkah marang kula nganti lubèr lan supaya gelem njembarké panggonan pangwasa kula, uga supaya tangan Panjenengan nuntun kula lan gelem ngedohké kula sangka kasangsaran, terus kula ora katekan ing lelara!” Lan Gusti Allah gelem nuruti penjaluké kuwi.