1 Chronicles 4:41 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para wong kang jenenge katulis iki anggone mrono nalika jamane Sang Prabu Hizkia ratu ing Yehuda, sarta padha nyirnakake tarub-tarube wong Kham lan wong Meunim kang tinemu ana ing kono lan banjur padha ditumpes; kaya mangkono nganti tumeka ing dina iki. Sawuse mangkono tumuli padha ngejegi papan panggonane wong-wong mau, jalaran ing kono ana pangonan kanggo wedhus-wedhuse.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para wong sing jenengé ketulis iki enggoné mrana waktu jamané Hiskia ratu ing Yéhuda, lan pada ngentèkké tarup-tarupé wong Ham lan wong Meunim sing ketemu ing kono lan terus pada dientèkké; kaya mengkono nganti tekan ing dina iki. Sakwisé mengkono terus pada ngenggoni panggonané wong-wong mau, jalaran ing kono ana panggonan kanggo wedus-wedusé.