1 Chronicles 5:26 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gusti Allahe Israel nuli nggigah panggalihe Sang Prabu Pul, yaiku Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing Asyur, temah Sang Nata iki banjur mboyongi wong-wong mau, kaparakake marang ing pambuwangan, yaiku para wong Ruben, wong Gad lan separone suku Manasye. Iku padha diboyongi menyang ing Halal, Habor, Hara lan ing kali ing nagara Gozan. Mulane wong-wong mau padha ana ing kana nganti ing dina iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gusti Allahé Israèl terus nggugah atiné Pul, ya kuwi Tiglatpileser, ratu ing Asyur, nganti ratu iki terus mboyongi wong-wong mau, dilungakké menyang ing pembuwangan, ya kuwi para wong Rubèn, wong Gad lan separo taleré Manasé. Kuwi pada diboyong menyang ing Halal, Habor, Hara lan ing kali ing negara Gosan. Mulané wong-wong mau pada ing kana nganti ing dina iki.