1 Chronicles 6:49 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Harun lan para anaké kuwajipané ngobong kurban ing mesbèh kurban obongan lan ing mesbèh kanggo ngobong dupa, lan nindakké kabèh penggawéan ing omah Mahasutyi lan nganakké upatyara-rukunan kanggo wong Israèl, netepi apa sing dipréntahké karo Moses, abdiné Gusti Allah kuwi.