1 Chronicles 9:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kabeh kang kapilih dadi panjaganing lawang ana rong atus rolas. Iku wus padha kapengetan ana ing sarasilah ing desa-desane. Wong-wong mau padha katetepake ing kalenggahan iku dening Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel, wong sidik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh sing dipilih dadi penjagané lawang ana 212 wong. Kuwi wis pada ketulis ing kitab keturunan ing désa-désané. Wong-wong mau pada ditetepaké pangkaté kuwi karo Daved lan Samuèl, wong tukang ndelok.