1 Corinthians 1:10 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, kejaba sangka kuwi mau kabèh aku nduwèni tembung liyané marang kowé! Ing Jenengé Gustiné awaké déwé Yésus Kristus aku nyuwun tenan marang kowé kabèh, mbok aja pada èngkèl-èngkèlan lan séjé-séjé pinemuné ngono. Mbok pada nunggala dadi siji ing pikiran lan ing kekarepan enggonmu pada nurut Gusti.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging penjalukku karo temen marang kowé kabèh, para sedulur, awit sangka asmané Gusti kita Yésus Kristus, kowé kabèh padaa dadi siji lan aja nganti tukaran ing tengahmu; nanging kowé padaa bebarengan, tunggal pikiran lan tunggal pangrasa.