1 Corinthians 11:25 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkono uga tuwunge, sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. Saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Uga sakwisé mangan roti, Gusti terus njikuk mangkoké ombèn lan ngomong: “Mangkok iki prejanjian anyar sangka Gusti Allah, prejanjian sing ditetepké nganggo getihku. Saben-saben kowé ngombé sangka mangkok iki, gawénen pengéling-éling marang Aku.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkono uga tuwungé, sakwisé mangan, tembungé: “Tuwung iki perjanjian anyar sing dityap karo getihku. Saben-saben kowé pada ngombé, kuwi pada tindakna kanggo pengéling-éling marang Aku!”