1 Corinthians 12:23 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan gegelitaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi. Sarta peranganing badan kita kang saru, iku padha kita rukti kalawan becik banget.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wujuté pérangan sing kétoké ora ènèng ajiné, kuwi malah diapik-apik karo awaké déwé lan pérangané badan sing kétoké ora patèka apik, sing didelikké karo awaké déwé, kuwi malah digatèkké karo awaké déwé ngungkul-ungkuli pérangan sing apik. Kuwi pantyèn wis ditata ngono karo Gusti Allah, supaya pérangan sing kétoké ora patèka apik bisa kétok pantes.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan pérangané badan sing miturut panemu kita ora pati ana ajiné, kuwi pada kita patyaki ngungkuli liyané. Lan njeruhné badan kita sing saru, kuwi pada kita rumati ngungkuli liyané.