1 Corinthians 12:26 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane yen ana perangan siji kang lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake; manawa ana siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané, nèk ènèng pérangan siji lara, pérangan liya-liyané mèlu krasa kabèh. Semono uga, nèk pérangan siji nampa pengaleman, liya-liyané mèlu bungah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané yèn ana pérangan siji sing lara, pérangan liyané kabèh pada mèlu ngrasakaké; yèn ana siji sing kajènan, kabèh pada mèlu bungah.