1 Corinthians 12:8 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab, kang siji kaparingan dening Sang Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijine tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Sang Roh iku uga.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sing siji nampa kapinteran sangka Roh Sutyi supaya bisa ngomong nganggo kaweruhé Gusti Allah. Sing liyané uga nampa kapinteran sangka tunggalé Roh Sutyi supaya bisa nduwèni pangertiné Gusti Allah ing werna-werna prekara.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit, sing siji dikèki karo Roh bisa guneman karo kawityaksanan, sijiné nampa pawèh bisa guneman karo kaweruh ya sangka Roh Sutyi kuwi uga.