1 Corinthians 14:28 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk nang kumpulan kuwi ora ènèng sing bisa ndunungké tegesé, apiké sedulur sing ngetokké basa kasukman kuwi meneng waé. Tembungé disimpen ing atiné déwé waé apa dipasrahké marang Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn ora ana wong sing bisa ndunungké, betyiké wong-wong mau ing pasamuan pada menenga waé, mung mikir ing atiné déwé, lan ngomong ing ngarepé Gusti Allah.