1 Corinthians 14:9 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkono uga kowe, kang padha calathu nganggo basa-roh: manawa kowe ora migunakake tembung-tembung kang cetha, kapriye bisane wong padha mangreti kang kokucapake? Dadine calathumu tanpa guna kaya nyalathoni angin!
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Semono uga kowé, kepriyé wong-wong bisané dunung sing mbok omong nèk tembungmu ora tyeta, awit kowé nganggo basa kasukman. Tembung-tembungmu bakal ilang nganggur, kabur katut angin.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkono uga kowé, sing pada guneman nganggo basa roh: yèn kowé ora nggunakké tembung-tembung sing tyeta, kepriyé bisané wong pada ngerti sing kok omongké? Dadiné tetembunganmu tanpa guna kaya guneman karo angin!