1 Corinthians 16:7 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab karepku sapisan iki ora mung sakeplasan bae anggonku bakal niliki kowe, malah manawa Gusti marengake anggonku tetunggalan karo kowe iku bisaa nganti rada suwe.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk Gusti karep, aku kepéngin manggon sing rada suwi nang nggonmu, supaya enggonku teka ora kaya wong mampir waé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit karepku sepisan iki ora mung sak klélapan waé enggonku bakal niliki kowé, malah yèn Gusti nglilani enggonku dadi siji karo kowé kuwi bisa nganti rodok suwé.