1 Corinthians 4:6 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para sadulur, gunemku iki mau daketrapake marang awakku dhewe lan marang Apolos, marga saka kowe, supaya marga saka tetuladhanku iku, kowe padha sinau mangreteni apa ta tegese unen-unen: “Aja ngungkuli apa kang tinulis,” supaya ing antaramu aja nganti ana kang kumlungkung kanthi ngegungake kang siji ngremehake sijine.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, prekara-prekara kuwi mau kabèh wis tak lakoni déwé, semono uga Apolos, supaya kowé bisa niru awaké déwé lan bisa ngerti apa tegesé tembung: “Aja sampèk ngliwati pituturé.” Dadiné nang tengahmu ora ènèng sing bisa ngelem sijiné lan nyepèlèkké liyané.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para sedulur, tembungku iki mau tak trapké marang awakku déwé lan marang Apolos, awit sangka kowé, supaya sangka tuladaku kuwi, kowé pada sinau ngerti apa ta tegesé unèn-unèn iki: “Aja ngungkuli apa sing ketulis,” supaya ing tengahmu aja nganti ana sing gemunggung karo nggedèkké sing siji, ngrèmèhké sijiné.