1 Corinthians 4:7 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit sapa ta kang nganggep kowe iku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbeni kang ora saka anggonmu tampa? Dene yen marga saka anggonmu tampa, yagene kowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sapa ta sing marakké kowé mikir pinter ngungkuli liyané ngono? Apa dudu Gusti Allah sing ngekèki kowé sembarang sing ana ing kowé kuwi? Lah kowé kok terus sombong ngono, kaya sing ana ing kowé kuwi dudu pawèhé Gusti Allah waé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sapa ta sing nganggep kowé kuwi penting? Lan apa ta sing kok nduwèni sing ora sangka enggonmu nampa? Nanging yèn sangka enggonmu nampa, kenèng apa kowé kok gemunggung, kaya ora sangka enggonmu nampa?