1 Corinthians 4:9 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab mungguhing panemuku Gusti Allah maringi papan kang asor dhewe marang aku, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, ujer aku wus padha dadi tontonaning jagad, para malaekat sarta manungsa.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit para sedulur, miturut pinemuku, awaké déwé iki, sing dadi rasul, dikèki pangkat sing endèk déwé karo Gusti Allah. Awaké déwé iki dadi kaya wong sing nampa setrapan pati nang ngarepé wong okèh. Dadiné awaké déwé iki dadi tontonané jagat, ya tontonané para mulékat, ya tontonané manungsa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kanggo panemuku Gusti Allah ngekèki panggonan sing asor déwé marang kita, para rasul, pada karo wong sing wis ditibani ing paukuman pati, awit kita wis pada dadi tontonané jagat, para mulékat lan manungsa.