1 Corinthians 5:10 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kang dakkarepake iku ora karo kabeh wong kang laku jina ing jagad iki, utawa karo kabeh wong kang cethil sarta tukang ngapusi, utawa kabeh wong kang padha nyembah brahala, amarga yen ta mangkonoa kowe mesthi kudu padha metu saka jagad iki.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kowé mesti ya dunung nèk aku ora ngomongké bab wong sing ora nurut Gusti, sing mata-duwiten, sing tukang meres liyané lan sing nyembah barang pepeteng. Awit semunggoné kowé kudu ngedohi wong sing kaya ngono kuwi, kowé ya kudu lunga sangka jagat iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sing tak karepké kuwi ora karo sak kabèhé wong sing mlaku bédang ing jagat iki, utawa karo wong kabèh sing srakah lan tukang ngrayah, utawa wong kabèh sing pada nyembah brahala, awit yèn ta ngono kowé mesti kudu pada metu sangka jagat iki.