1 Corinthians 5:11 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging, anggonku nulis marang kowe iku mau mangkene: kowe aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina, cethil, nyembah brahala, gawene mitenah, seneng mendem utawa tukang ngapusi; kowe aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging ora ngono, karepku kowé aja bebarengan karo wong sing ngakuné Kristen, nanging wujuté seneng laku bédang, wong sing mata-duwiten, nyembah brahala, nyatur ala, seneng mabuk lan seneng nyolong. Kowé aja sampèk mangan bareng karo wong kaya ngono kuwi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging, enggonku nulis marang kowé kuwi ngéné: kowé aja nganti srawungan karo wong, sing senajan wong mau ngaku sedulur tunggal pertyaya, nyatané mlaku bédang, srakah, nyembah brahala, kulina mitenah, seneng mendem-mendeman utawa tukang ngrayah; kowé aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong sing kaya mengkono kuwi.