1 Corinthians 7:18 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa ana wong kang katimbalan wus tetakan, aja mbudidaya ngilangi labeting tetak iku. Lan manawa ana wong kang katimbalan ora tetakan, aja banjur nglakoni tetak.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kanggo ndunungké tembungku kuwi mau arep tak kèki tyonto saiki! Semunggoné ènèng sedulur sing dongé nampa Gusti wis nglakoni sunat, sedulur kuwi wis ora usah bingung arep ngilangi sunaté. Semono uga, sedulur sing durung nglakoni sunat dongé nampa Gusti, sedulur kuwi wis ora usah bingung arep sunat.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ana wong sing dityeluk wis sunat, aja mbudidaya ngilangi tandané sunaté. Lan yèn ana wong sing dityeluk ora sunat, aja terus nglakoni sunat.