1 Corinthians 7:28 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ewadene manawa kowe oma-omah, iku kowe ora dosa. Lan yen ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowe aja nganti ketaman ing kasusahan iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging nèk kowé kawin ya ora dosa. Uga nèk ènèng prawan ngepèk bojo, kuwi ya ora dosa. Aku namung kepéngin ngalang-alangi kowé, supaya ora ngalami kangèlané wong sing omah-omah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn kowé omah-omah, kuwi kowé ora dosa. Lan yèn ana prawan omah-omah, kuwi ya ora dosa. Nanging wong-wong sing mengkono kuwi bakal ngalami kasusahan kanggo ing daging, nanging karepku kowé aja nganti katekan ing kasusahan kuwi.